BUPATI PARIKAN BANYUMAS, Guritane Saeran Samsidi


Parikan jan nylekamin


Parikan kuwe puisi klasik kang Banyumas

kaya pantun neng Tlatah  Minang

sing nggo sesrawungan nggo  pedinan

gendhu gendhu  rasane wong cilikan


Parikan jan mbleketaket


Parikan nggo saur sauran neng jagad maya

nggo glewehan wadan wadanan geculan

nganggo basa ngapak cirine wong tani tlatah ngapak

sing adoh ratu cedhek watu

egaliter thok melong cablaka asal njeplak

langka sing lara ati

apa maning kesuh ngumpa umpa

kuwe tuli kaum 

deles cindhek sing emosian gampang njeblug


Parikan

jaaan penjorangan


Tembunge munthuk, njengat, apem, nylempet enak tunggane

saru porno merguyokna nggo tamba puyeng kakeyen utang


Parikan

jaaan urakan tapi mlesondo


Para dulur Banyumas

parikan ana dhemange sing uga presiden geculan

parikan uga ana presidene presiden parikan kang Kracak Ajibarang

lha kiye gari nggolet bupatine

Bupati Parikan Banyumas


Bupati Parikan Banyumas? 

sapa kuwe mayuh degoleti desengkuyung

wong sing dhemen uga sering gawe parikan

kuwe nandani watek merakyat blakasuta catcut taliwanda ngguli nyambut gawe

pas dadi bapak wong ngapak


Kanca kanca

mayuh desengkuyung kuwe Bupati Parikan Banyumas

kon dadi bapak warga ngapak


Jaaaan .... 

paaaasss! 


Praketa, 

Rebo, 29 Mei 2024

Lagi ngopi putih ngeplok tahu jengki

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama